Nih Bab Geguritan, Paugeran Geguritan Lan Langkah-Langkah Kanggo Mahami Sawijining Geguritan

Geguritan merupakan sastra kuno yang memiliki ciri sastra lama atau klasik yang berifat anonimyaitu tanpa nama pengarang dan penulis. Hal ini disebabkan pada zamanya seorang penulis tidakmau menonjolkan diri dan karyanya dianggap milik bersama.Kata geguritan dalam kamus Bali

Indonesia berasal dari kata gurit artinya ‘gubah’, ‘karang’,‘sadur,. (Depdiknas Prop. Bali, 1991 :254). Dalam Kamus Umum Bahasa Indonesia dijelaskan“geguritan itu berasal dari kata gurit artinya sajak atau syair” (Poerwadarminta, 1986 :161),

Adapun mengenai penjelasan tentang Geguritan anda bisa baca melalui BAB Geguritan, Paugeran Geguritan lan Langkah-langkah Kanggo Mahami Sawijining Geguritan dibawah ini.

BAB Geguritan, Paugeran Geguritan lan Langkah-langkah Kanggo Mahami Sawijining Geguritan

Geguritan merupakan sastra kuno yang memiliki ciri sastra lama atau klasik yang berifat an Nih BAB Geguritan, Paugeran Geguritan lan Langkah-langkah Kanggo Mahami Sawijining Geguritan

Pengertian Geguritan
Geguritan yaiku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugerahan tertamtu. Bebas jumlah larik larik ukara ing saben pada, jumlahe pada, pilihan basa kang digunakake, maksude panggurit ana kang nggunakake purwakanthi kadhang ora migunakake purwakhanti. Geguritan kang migunakake purwakanthi yen dirunngokake luwih kepenak(luwih nges). Supaya luwih cetha wacanen paugerane geguritan.

Paugerane geguritan:
1. Ora kaiket wewaton guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
2. Luwih ngutamakake babagan isine kang mentes, apik, endah, lan uga becik.
3. Kanggo nambah kaendahan basa nggunakake purwakanthi sawetra bae.
4. Isi pitutur, piweling, kritik, protes, sindiran, pangresah, pamundhut, lan sapanunggalane.

Langkah Langkah kanggo mahami sawijining geguritan:
1. Wacanen geguritan kanthi permati, yen perlu dibolan baleni.
2. Gatekna hubungan larik ukara, banjur wewehana tandha kanggo munggel (jeda), upamane punggel sauntara wewehana tandha (/) lan kanggo sigeg wewehana tanda (//).
3. Golekna teges tembung tembung kang kok anggep angel, kanthi terus dieling eling, menawa tembung tembung sajarone geguritan bisa duwe teges lugu, entar, bisa uga lambang utawa gegambaran.
4. Perlu digatekaku menawa saben karangan mesthi duwe pesen utawa amanat kang kepingin disampekake marang pamaca.
5. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane dadi sedherhana lan gampang dimangerteni.

Sawijining geguritan duwe struktur batin utawa hakekat sing dumadi saka: tema, suasana, nada lan amanat, kang mujudake jiwaning geguritan kang ora bisa dipisahake.

Rangkuman Geguritan:
1. Nada
Nada ing geguritan yaiku sikap batin panganggit, sing arep diekspresiake marang pamaca. Ana nada nuturi, panyaruwe, nyindhir, berontak, meri, drengki, sedhih, kuciwa, benci, bungah, lan sapanunggalane.

2. Suasana
Suasana batin pamaca, akibat sawise maca geguritan.

3. Irama
Irama uga diarani ritme, yaiku salah sijine unsure kang ana gandheng cenenge karo bab bab kang sarwa teratur

4. Pilihan Tembung
Pilihan tembung uga diarani diksi, kanggo ngasilake geguritan kang trep, pangaggit mesthi mikirake pilihan tembung kang mathuk. Dene tembung tembung kang digunakake ana kang duwe teges lugu utawa apa anane (Denotatif), Tembung kang duwe teges entar utawa ora sabenere (konotatif), gambaran utawa pralambang.

5. Tembung entar
Mujudake tembung kang tegese wis owah saka teges kang baku.

6. Pralambang
Pralambang iku kena dianggep kaya dene pasemon. Tembange liya pralampita, wujuding pralambang warna warna, ana kang wujudake gegambaran utawa pepethan, solah bawa barang utawa basa.

7. Purwakhanti
Tembung "purwa tegese wiwitan, ngarep. dene tembung "kanthi tegese kanca, gandheng, karo,nganggo. Purwakanthi kena ditegesi gandheng karo ngarep. Kang dikarepake "purwakanthi" yaiku tetembungan kang runtut karo tembung mburine, ngenani bab swarane, sastra utawa tembunge.

Demikian mengenai materi yang sudah saya paparkan yang membahas tentang BAB Geguritan, Paugeran Geguritan lan Langkah-langkah Kanggo Mahami Sawijining Geguritan, semoga dapat menambah anda dalm pembelajaran bagi anda semua.Terimaksih