Nih Pengerten Lan Jenise Tembung

Tembung ing basa Indonésia diarani kata. Tembung iku swara lan campurané swara kang metu saka pocapan. Tembung uga nduwé teges gabungané aksara kang nduwé arti ing sawijining basa.

Ana ing mriki penjelasan bab Pengerten lan Jenise Tembang, Mangga disimak lan pahamake !!!


Pengerten Lan Jenise Tembung

Pengerten Tembung
 sakabehe tembung kang durung owah saka asale Nih Pengerten Lan Jenise TembungTembung kaperang dadi loro :
1.Tembung lingga: sakabehe tembung kang durung owah saka asale(kata dasar)
Tuladha tembung lingga: lunga, meja, pangan.

2.Tembung andhahan: sakabehe tembung kang wis owah saka asale (linggane).Tembung lingga owah dadi tembung andhahan amarga :

– oleh ater-ater (awalan) tuladha : dijiwit > di + jiwit

– oleh seselan (sisipan) tuladha : tinulis > tulis + seselan –in-

– oleh panambang (akhiran) tuladha: renea > rene + a

– dirangkep (diulang) tuladha: nesu-nesu (dwilingga), lelungan (dwipurwa), ubang-ubeng (dwi lingga salin swara), nyengingis(dwiwasana)

Wujude ater-ater:
1. Ater-ater hanuswara > m-, n-, ny-, ng-
Tuladha :
Bapak mundhut sepedha motor. → mundhut: m- + pundhut
Kadang Tani wayahe padha nandur pari,  → nandur:  n- + tandur
Pak Dhe ngundhuh kambil. → ngundhuh: ng- +  undhuh.
LSP.

2. Ater-ater tripurusa: dak-, kok-, di-
Bukune dakgawa lho!  → dakgawa: dak- + gawa
Apa kang koktulis iku?  → koktulis: kok- + tulis
Tase digawa Tari. → digawa: di- + gawa

3. Ater-ater liyane: sa, pa, pi pra, tar, pan, kapi, kuma.lly.

BASA ING KASUSASTRAN
1. Tembung saroja
Tembung saroja iku tembung loro kang padha tegese dianggo bebarengan
tuladha: tumpang tindhih, dana driyah, mukti wibawa, tingkah laku

2. Tembung yogaswara
Tembung yogyaswara iku tembung kang ngresepake, amarga kepenak dirungokake.
Tuladha: dewa-dewi, apsara-apsari, kedhana-kedhini

3. Tembung garba.
Tembung garba yaiku nggandheng tembung loro utawa luwih kanthi cara nyuda cacahing wanda   (suku  kata).
Tuladha :
narendra → nara + endra
lagyantuk → lagi + antuk
dupyarsa → dupi + arsa
kapyarsa →kapi + arsa

4. Tembung rura basa
Rura basa: tembung kang sajatine luput, nanging amarga dianggo terus mula banjur dianggep lumrah
lan bener.

5. Tembung kerata basa.
Tembung kerata basa negesi tembung kanthi cara diothak-athik tegese dadi mathuk/cocok
Tuladha :
krikil → keri ing sikil
tandur → ditata karo mundur.

6. Tembung entar.
Tembung entar iku tembung kang ora bisa ditegesi mung sawantahe/apa anane (kata kias)
Tuladha:
lobok atine → sabar
dawa tangane → seneng njupuk darbeking liyan.

7. Tembung Paribasan.
Paribasan iku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar (kias) tetembungane wantah
(lumrah), ora nganggo pepindhan (gegambaran).
Tuladha:
Ana catur mungkur → ora gelem ngrungokake rerasan ala,
Desa mawa cara negara mawa tata → saben papan duwe adat/tata cara dhewe-dhewe,
Becik ketitik ala ketara  → tumindak ala lan becik iku bakal ketara tembe mburine.

8. Tembung bebasan
Tembung bebasan unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges entar (kias) mawa pepindhan
(gegambaran) kewan, barang, kahananing digambarake sipate wong.
Tuladha:
Nabok nyilih tangan → tumindak ala kanthi kongkonan
Emban cindhe emban siladan → ora adil/pilih kasih
Rebut balung tanpa isi: padudon jalaran barang sepele.

9. Tembung saloka
Tembung saloka iku unen-unen kang ajeg panganggone mawa pepindhan (gegambaran) kewan,
barang, utawa kahanan, kang dipindhakake wonge lan tembunge sing dadi pepindhan dumunung ing
ngarep ukara utawa dadi jejer
Tuladha:
Jati ketlusupan ruyung → golongane wong apik kelebon wong ala
Idu didilat maneh → murungake janji kang wis diucapake
Belo melu seton → melu grubyak grubyuk ora ngerti karepe.

Kajaba iku, ing materi sing aku bisa aplikasi definisi yaiku Pengerten Lan Jenise Tembung, uga migunani kanggo sampeyan semua.Terimakasih